Pahargyan Bojana Ekaristi Kudus Malam 1 Suro ing Gereja Katolik Stella Maris Jepara: Ngandika Iman lan Budaya

Gambar: Romo Andrianus Sulistyono MSF naliko paring wedaran Sabdo Pahargyan Bojana Ekaristi Kudus Malam 1 Suro ing Gereja Katolik Stella Maris Jepara: Ngandika Iman lan Budaya, (6/7/2024).

TNews, JEPARA – Poro umat Katolik Stella Maris Jepara ingkang kinasihing Gusti sami nderek pahargyan Bojana Ekaristi Kudus ing malam 1 Sura lan ngawontenaken gunungan arupi sadoyo hasil bumi Soho jajanan olahan. Misa iki dipunpundhi dening atusan umat saka sakeliling Jepara.

Pahargyan punika dipunwiwiti Sabtu Wage, 6 Juli 2024, tabuh 17.00 WIB. Kagem umat Katolik lan masyarakat Jepara, acara punika minangka wujud nguri-uri tradisi leluhur Jawi lan ngiyataken iman tumrap Gusti Allah kanthi suasana budaya ingkang sakral lan hikmat.

Suasana pasamuan suci ing gereja Katholik, Romo Adrianus Sulistyono, MSF, kebak suasana budaya. Romo ngagem ageman beskap lan batik, nambahake nuansa tradisi Jawi sing kental. Umat uga sami ndherekaken kanthi rasukan Jawi, kabeh pasamuan katon apik lan khidmat. Acara iki nambahake kekhasan budaya Jawa ing gereja, suasana sakral lan ngresepke. Umat antusias gumregah ndherek acara kanthi penuh rasa syukur lan kebersamaan, ngugemi nilai budaya lan iman.

Wedaran Sabdo Romo Andrianus Sulistyono, MSF ingkang ngayahi misa suci paring pangandikan lan paring pitutur, bilih dados umat ingkang manggon ing tanah Jawa, kita gadhah kewajiban kangge nglestarekaken lan nguri-uri kabudayan Jawi.

“Nguri-uri kabudayan Jawi punika sejatinipun nggedheaken kita supados saget nampi menapa ingkang sae saking Gusti,” ngendika Romo Andrianus.

Tema adicara menika “Iman ing Budaya, Budaya ing Iman”. Tema menika ngatingalaken bilih iman utawi kapitadosan kedah mlebet ing sedaya aspek gesang umat. Lumantar perayaan kados Malam Satu Suro, umat diajak ngengingi imanipun kanthi ngintegrasekaken nila-nilai budaya ingkang luhur.

Romo Andrianus Sulistyono: Anak-anak Jaman Sakniki Wis Akeh ninggalaken Adat Budaya Jawa

Romo Andrianus nyariosaken bilih anak-anak jaman sakniki sampun akeh ingkang ninggalaken adat budaya Jawa. Pramila kathah anak-anak ingkang mboten mangertosi bab basa Jawa. Jalaran saking menika, Romo Andrianus ngarep-arep supados anak-anak saged sinau basa Jawa ugi sinau tata cara adat istiadat unggah-ungguh tradisi Jawa.

Romo Andrianus ngendikakaken, “Budaya Jawa sejatinipun ndidik kita supados saget nampi menapa ingkang sae saking Gusti.”

Menawi kita saestu nguri-uri kabudayan Jawa, mesthi kemawon kita saged nampi Gusti kanthi sekeco lan tentrem.

Romo Andrianus ugi ngendikakaken, “Nresnani tradisi budaya Jawa punika ateges ugi nresnani Bapak Ibu kita utawi para leluhur. Menawi kita saged nresnani leluhur, kita ugi saged sinau nresnani Gusti kanthi langkung sae, mila boten wonten tiyang ingkang badhe nampik Gusti.”

Pentinge Tiga T lan Tetesan Ing Gesang Wong Jawi Penderek Dalem Gusti

Ing acara Pahargyan Bojana Ekaristi Kudus Malam 1 Suro wonten Gereja Katolik Stella Maris Jepara, Romo Andrianus Sulistyono, MSF ngendikakaken bilih wong Jawi penderek dalem Gusti kedah gadhah T 3.

T ingkang sepisan yaiku tatak, ingkang ateges kuat.
T ingkang kaping kalih yaiku tetek, ingkang ateges tetep konsisten lan komitmen.
T ingkang kaping tiga yaiku tutup, ingkang ateges dumugi utawi rampung.

Romo Andrianus nggambarakaken kados Nabi Yeskiel ingkang matur kalian Gusti sanadyan abot, nanging tetep ndherek sabda Dalem Gusti.

Sanadyan mekaten, gesang mboten cukup namung tatak, tetek, tutup, nanging ugi kedah gadhah tetes ingkang ateges netes, berhasil lan titis utawi tajem, fokus.

“Sapa ingkang nampik Gusti, merga gesangipun mboten titis utawi tajem, nanging ingkang gesangipun netes lan titis mesthi mboten nampik Gusti,” ngendika Romo Andrianus.

Wonten ing gesang saben dinten, kathah cobaan ingkang kedah dipun lampahi. Kita kedah balik dhateng ingkang sampun dipun janjekaken, awit gesang mesthi ngliwati lumampah ing perjanjian, kalebet janjinipun kita dhateng Gusti.

“Amila, aja nganti gesang kita namung wonten ing lati nampi Gusti, nanging wonten ing lampahing gesang saben dinten nampik Gusti. Kangge punika, kita kedah konsisten miturut ingkang kita ucapaken lan tindak tanduk kita saben dinten ingkang ndudut kesetiaan kita dhateng Gusti. Gusti tansah ndampingi kita, mberkahi kita, lan ngreksa kita kabeh ing lampahing gesang saben dinten,”makaten pungkasanipun Romo Andrianus Sulistyono,MSF mangandikani kanthi kebak pangajeng-ajeng lan kebak iman.

Wonten ing pasamuan Gereja Katolik Stella Maris Jepara, suasana sakral lan ngurmati tradisi Jawi punika saged karasakaken. Umat Katolik ingkang kinasihing Gusti, sami regeng sumunar nderek acara kanthi penuh rasa syukur lan panuwun kanthi khusuk lan hikmat ngantos ing sak purnaning misa Ekaristi Kudus. Pahargyan punika dipunarep-arep saged damel suasana kebersamaan lan nglestarekake tradisi budaya Jawi kang adi luhung.

Sasampunipun acara Ekaristi Kudus Malam Satu Suro rampung, adicara dipun lanjutaken kaliyan pemberkatan gunungan ingkang dumunung ing ngarep halaman gereja. Romo Andrianus nyariosaken menawi gunungan ingkang isi hasil bumi kados sayur, woh-wohan, lan hasil olahan punika nglambangaken menawi sedaya punika saking bumi. Gunungan sangking ngandhap dumugi inggil sangsaya alit, nglambangaken menawi kita sangsaya cedhak ing ngarsanipun Gusti, sedaya asil bumi lan aksesoris olahan punika sangsaya mboten gadhah teges.

Wonten kalih gunungan, ingkang sepindhah gunungan isi hasil bumi ingkang nglambangaken raos syukur pasutri utawi keluarga dhateng Gusti. Gunungan kaping kalih isi hasil olahan saking bumi ingkang sampun dipun olah, nglambangaken atur panuwun remaja lan anak-anak dhateng Gusti.

Sasampunipun pandonga lan pemberkatan gunungan dipun pimpin dening Romo Andrianus, umat ingkang sampun siyap wonten sakiter gunungan lajeng saling riuh serbu lan berebut macem-macem panganan kados woh-wohan, sayur-sayuran, ingkang wonten ing gunungan. Umat sami gumbira lan sukur ing adicara menika, mugi-mugi sedaya dipun berkahi Gusti wonten ing gesangipun saben dinten.

Kanthi mekaten, acara Bojana Ekaristi Kudus Malam 1 Suro ing Gereja Katolik Stella Maris Jepara ngemut tema “Iman dalam Budaya, Budaya dalam Iman” dipunarep-arep saged dados momèntu kanggo umat Katolik supados tansah nglestarekake budaya Jawi, ngiyataken iman tumrap Gusti Allah, lan ngraosaken suasana kebersamaan lan paseduluran ing gesang sapepinten.*

Peliput: Petrus

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *